Ki Narto Sabdo - Abimanyu Krama
Bebeg penggalihipun Prabu Duryudana
nalika bab punika kaaturaken dening patih Sengkuni nuju pasewakan ageng
Nagari Astina. Ewasemanten, Pandhita Durna
malah manggalih benten. Bebana ingkang kasuwun dening Siti Sundari
dhapur nami limrah. Amargi putri pinunjul mekaten tertamntu anggadhahi
pepinginan ingkang ing tembe tertamtu wonten pigunanipun. Mila badheya
kados pundi Pandhita Durna saha Adipati Karna badhe budidaya amrih kasembadan pangajabipun Raden Lesmana Mandrakumara.
Kados ingkang sampun-sampun, KI
Nartosabdo nggancangaken cariyos punika kanthi runtut, meh mboten wonten
sisipipun. Wiwit talu ngantos tancep kayon prasasat mboten wonten
bageyan ingkang mboten penting. Sedaya adegan katingal gesang lan
kraos bobotipun.
Pagelaran ing pendhapi agung negari
Astina upaminipun. Dupi midhanegt pelapuranipun Patih sengkuni, ketingal
bebeging panggalih sang prabu lan aturipun Pandhita Durna ngarih-arih
sang prabu ketingal gesang lan “masuk akal”. Ki Narto Sabdo ugi mboten
kaseupen nglebetaken piwucal lan pangertosan enggal babagan sastra lan
budaya jawi kalebet ilmu unggah-ungguh ing sela-selaning “dialog”.
Mugi ndadosaken uninga.
1.
(Terima kasih anda telah mampir di blog ini. Jika sudah berhasil
download file kami, mohon tinggalkan komentar untuk perbaikan selanjutnya)
Title: Ki Narto Sabdo - Abimanyu Krama
Rating: 10 out of 10 based on 24 ratings. 5 user reviews.
Writed by Martono
Rating: 10 out of 10 based on 24 ratings. 5 user reviews.
Writed by Martono