Batik Madrim Sayembara, Angling Darmo Ngratu
Prabu Anglingdarma, putra saka Dewi
Pramesthi karo Astradarma Ratu saka Yawastina. Pramesthi kuwi putri
Prabu Jayabaya, raja saka kraton Mamenang Kediri. Sawise dadi garwa raja
Yawastina, Pramesti banjur di boyong menyang Yawastina.
Sawijining dina, Pramesthi diangslupi
Bathara Wisnu, lan ndadekake dheweke ngandheg. Prabu Astradarma duka
ngerti kahanan mau, lan ora nampa katrangane Pramesthi. Dheweke
ditundung lunga saka kraton. Banjur mulih neng kratone bapake.
Prabu Jayabaya duka marang Astradarma,
banjur sepata yen bakale negara Yawastina lebur dadi lendhut. Ora let
suwe Prabu Jayabaya mukswa, Anglingdarma lahir lan dadi raja ing kraton
Malawapati. Dewi Pramesthi kaboyong neng Malawapati.baca kelanjutannya
Sawijining esuk nalika Anglingdarma
mbebedhak ing alas, dumadakan keprungu swara wong wadon njaluk tulung.
Anglingdarma nulungi wanita kang dicedhaki macan, kang mau njaluk tulung
kuwi. Wanita mau diterake bali menyang omahe, pertapan Nguntarasegara.
Anglingdarma duwe karep ngepek bojo
Endang Setyowati, jeneng wanita mau, anakke Resi Maniksutra. Sejatine
Setyowati ora gelem dipek bojo, amarga dheweke nresnani kangmas kuwalone
kan aran Bathikmadrim. Madrim ngerti yen Setyowati tresna marang
dheweke banjur nantang adu kasekten karo Anglingdarma. Ing adu kasekten
mau, Angling menang banjur mboyong Setyowati dadi garwa Prameswari lan
Madrim dadi patihe ing Malawapati.
Ana ing kraton Malawapati, Setyowati
atine ora jenjem. Dheweke kepingin bali menyang Nguntara Segara.
Polatanae Setyowati gawe atine Angling sedhih. Kanggo nglipur ati,
dheweke lunga mbebedhak menyang alas. Anggone mbebedhak nganti tekan
cedhake taman pertapan Sumur Jalatundha. Ing kono, dheweke meruhi ula
sepasang kang lagi pepasihan. Dhewekke ngerti, yen salah sijine ula mau
Nagagini, bojone Nagaraja gurune Angling. Angling manah ula lanang kang
aran Ula Tampar nganti mati. Nagagini mlayu mlebu pertapan nemoni
bojone, lan lapur yen Anglingdarma arep mrawasa dheweke.
Angling crita marang Setyowati lan pamit
mati. Dheweke ngerti yen bakal diukum pati gurune. Merga mesthi wae
Nagagini lapur kang suwalikke saka prastawa mau. Nagaraja anjalma dadi
ula kisi kang cilik banget, lunga menyang taman Malawapati lan
ngrungokake crita mau.
Anglingdarma ngadep Nagaraja, sedya mring
paukuman. Ananging Nagaraja malah gumuyu banjur ngendika, “Angling
anakku, aku ora bakal mateni kowe Ngger. Aku wis ngerti sapa kang luput.
Mau aku njalma dadi ula kisi lan krungu kabeh prastawa kang sabenere.
Saiki…kanggo tumindakmu kang ksatriya, aku arep aweh kanugrahan. Apa wae
kang mbok jaluk bakal dak wenehi.”. Angling njaluk Aji Gineng, kanthi
syarat Angling ora kena crita marang sapa wae kalebu bojone dhewe.
Ing bengi, nalika Angling lan Setyowati
ana ing paturon, Angling dumadakan ngguyu dhewe. Setyowati serik, ngira
yen Angling ngece Setyowati sing asale saka desa. Nadyan wis diterangake
kayangapa, Setyawati panggah ora trima. Banjur..”Diajeng, aku mau
ngguyu cecak kang lagi guneman. Iki mau amerga aku duwe Aji Gineng kang
bisa ngerti basane kewan-kewan mau.” Diterangake ngono, Setyowati dadi
kepingin duweni ajian mau, “Menawi boten kepareng kula suwun, luwih
becik kula pejah. Kula badhe pati obong.” Tangise Setyowati.
Setyowati nglakoni pati obong tenan.
Angling arep nyusul bojone, ananging ora sido merga krungu guneme wedhus
kang isine nyindhir dheweke. Angling banjur mudhun saka panggungan.
Luwih becik ngayomi rakyate sing isih butuh dheweke. Setyowati nekad
nyemplung geni kang mulat-mulat.
Merga saka planggaran sumpahe dhewe, para
dewa murka banjur ngukum Angling, supaya nglakoni panguripan ing alas
wolung taun lawase. Arwahe Setyowati sajak gela banget, dheweke ngumbara
saparan-paran. Banjur nyuwun mring Bathara Guru supaya dheweke bisa
bali ing donya. Bathara guru mrintahake Setyowati supaya manitis ing
awake Ambarawati, putri saka Adipati Darmawasesa ing Kadipaten
Bojonegoro. Setyowati mudhun ing donya, lan manitis ing awake Ambarwati.
Pangumbaran kang suwe, nggawa Angling ing
sawijining kraton kang wis suwe ditinggal mati rajane. Kraton kuwi
dinggoni dening anakke raja kang aran Widata, Widati lan Widaningsih.
Katelune tresna marang Angling. Angling ora oleh lunga menyang
endi-endi.
Sawijining wengi, nalika Angling arep
turu, putri telu mau metu saka kraton kanti cara ngindhik-indhik supaya
ora konangan Angling. Angling cubriya, ora sawetara suwe dheweke lolos
sukma anjalma dadi gagak banjur nututi lungane putri telu mau. Kayangapa
kagete Angling, jebul-jebul putri iku lagi mangan bangke manungsa ing
tengah alas. Gagak malihane Angling nyolong ati saka bangke mau. Widati
nyoba ngoyak nganti kesel, nanging kalah cepet karo abure gagak.
Ati mau diselehake ing dhuwure wedhak
duweke widati banjur Angling nerusake turune. Esukke Widati kaget weruh
ati ing sadhuwure wedhak, ndadekake dheweke ngerti yen gagak kang bengi
iku malihane Angling. Widati nangekake Angling, lan dadi padu.
Pungkasane Angling ditancepi kembang saengga dheweke malih dadi mliwis
putih. Mliwis mau mabur, lunga ngumbara nganti tekan desa Gebang Sawit,
Kadipaten Bajanegara. Ing Gebang Sawit, mliwis ditemu dening Jaka
Gedhuk, anake Demang Klungsur.
Ing Kadipaten Bojonegara ana sayembara.
Sayembara mau isine yaiku mbuktekake ki Bremana sing asli, amarga
samulihe seka alas malih dadi loro. Bojone bingung milih sing endi,
banjur lunga menyang kadipaten lan njaluk keadilane Adipati Darmawasesa.
Adipati kang bingung banjur nganakake sayembara iku mau. Mliwis putih
njaluk supaya Pak Klungsur gelem melu sayembara mau, kanthi digenahi
carane.
Ora suwe…”Kanggo mbuktekake endi Ki
Bremana asli, kekarone kudu bisa mlebu ing kendi iki. Yen bisa mlebu, ya
kuwi Bremana asli.” Kandane Klungsur mancing Bremana palsu. Salah
sijine bisa mlebu tenan neng jero kendi. Kendi mau ditutup, banjur
dipecah. Dumadakan saka pecahane kendi, metu Jin Wiratsangka kang
memba-memba dadi Bremana. Jin mau diusir, banjur mlayu mlebu alas.
Klungsur antuk kanugrahan dadi hakim ing kadipaten. Anak lan bojone
diboyong, uga mliwis putih kang wis mbiyantu.
Ambarawati ngerti yen ana mliwis putih.
Banjur mliwis dijaluk supaya manggon ana ing kaputren. Saben dina mliwis
mau ngancani Ambarawati. Yen wengi, mliwis putih malih dadi
Anglindarma. Kekarone pepasihan lan ndadekake Ambarawati ngandhut.
Adipati Darmawasesa judheg ngrasakake
putrine ngandhut tanpa ngerti sapa kang tumindak. Sawijining dina ana
resi kang aran Yogiswara teka ing kadipaten Bojonegara.
Resi Yogiswara dijaluki tulung nggoleki
wong kang njalari Ambarawati ngandhut. Yogiswara ngajak mliwis guneman.
Suwe-suwe nliwis putih lan Yogiswara padu. Bareng ora ana sing menang
lan kalah, mliwis putih malih dadi Anglingdarma. Lan Yogiswara malih
dadi Bathikmadrim kang sasuwene iki nggoleki rajane. Sawise terang
perkarane, Anglingdarma lan Ambarawati dinikahake. Ambarawati diboyong
ing kraton Malawapati. Ora suwe, Ambarawati nglairake anak lanang kang
dijenengi Anglingkusuma. Anglingdarma mimpin kratone maneh.
Sumangga undhuh Ketoprak Wahyu Manggolo “Batik Madrim Sayembara, Angling Darmo Ngratu” wonten ing ngandhap punika:
Angkling Darmo Ngratu 01.mp3Angkling Darmo Ngratu 02.mp3
Angkling Darmo Ngratu 03.mp3
Angkling Darmo Ngratu 04.mp3
Angkling Darmo Ngratu 05.mp3
(Terima kasih anda telah mampir di blog ini. Jika sudah berhasil download file kami, mohon tinggalkan komentar untuk perbaikan selanjutnya)
Title: Batik Madrim Sayembara, Angling Darmo Ngratu
Rating: 10 out of 10 based on 24 ratings. 5 user reviews.
Writed by Martono
Rating: 10 out of 10 based on 24 ratings. 5 user reviews.
Writed by Martono