Ki H Anom Suroto - Palasara Maguru
Ki H Anom Suroto - Palasara Maguru
“…………………………….. Kacariyos, Prabu Kekaya
ing Kraton Kecakapura rumaos bebeg ing panggalih, amargi kathahing para
raja ingkang ngayunaken Dewi Kekeyi ingkang ing wekdal samangke sampun
kapareng masranggrah ing tepis wiringing Kraton Kencakapura nengga
dhawuh karampungan saking Prabu Kekaya. Awit saking pamrayogining
Patih Lebdanagara, Sang Prabu kasuwun pados srayan dhateng njawining
rangkah, ngiras pantes mbikak sayembara. Sak sintena ingkang saged
ngunduraken ratu sewu negara ingkang sampun masanggrah ing tepis
wiringing Kraton Kencakapura, menawi putri kaaken sedherek sinarawedi
dene manawi kakung badhe kadhaupaken kaliyan Dewi Kekeyi.
Prabu
Kekaya dhawuh dhumateng pangeranpati Kraton Kencakapura, nuninggih
Raden Kayun kinen pados srayan dhateng sanjawining rangkah. Ing
pangajab sageda enggal ngrampungaken ruwet rentenging nagari
Kencakapura.
Raden Palasara ingkang nembe maguru
dhateng Pandhita Putri Dewi Rukmawati sasampunpun pinaringan wewarah,
rumaos lega penggalihipun. Mboten namung punika, Raden Palasara ugi
kataman asmara dhateng sang putri. Sang putri mboten nyarujuki, namung
paring pamrayogi dhumateng Raden Palasara kinen mandhap saking
padhepokan kinanthenan kaca pangilon ngupadi wanita ingkang
pasuryanipun sami kaliyan pasuryan ingkang kagambar ing kaca pangilon.
Lampahing Bambang Palasara pinanggih
kaliyan Raden Kayun ingkang lajeng kasraya ngunduraken para raja sewu
nagara ingkang sampun siyaga nggebag nagari Kencakapura. Gancanging
carita, Raden Palasara kasil ngawonaken ratu sewu nagara lan
katetepaken bilih piyambakipun saged mupu
sayembara…………………………………………………………”
Lugunipun mboten wonten bab ingkang katingal beneh ing lampahan punika, malah kepara ing bab setting, kraos kirang nyokot. Cobi
panjenengan midhangetaken ing perangan jejer I (Kraton Kencakapura),
Tanggap wacana antawisipun Prabu Kekaya kaliyan Raden Kayun, kraos
kirang bobot. Langkung-langkung nalika Bodholan, ketingal radi kehodhoran.
Salajengipun ing Jejer Keprabon II
(Kraton Parang Rukmi), antawisipun Prabu Seti Darmanagara lan Prabu
Surabramadiraja saking Kraton Banon Salembag. Lengghipun Patih
Kumbaranangga ketingal dipun peksaakkaken. Mboten kraos mili lancar.
Ing adegan punika, mestinipun kadamel serius, ananging malah
kraos kirang trep. Cobi panjenengan midhangetaken nalika kedah kaping
kalih regejegan antawispun Prabu Surabramadiraja lan Prabu Seti
Darmonagoro.
Ugi nalika perang gagal. Suwau kula
nginten bilih raja kekelih ingkang kagambaraken ing Jejer II
anggadhahi dhapukan ingkang penting ing lampahan punika. Nyatanipun
mboten babar blas. Malah Prabu Setidarmanagara, mboten medal malih.
Lajeng Ratu sewu nagara sanesipun ugi mrucut mboten wonten dongengipun.
Ananging ing lampahan punika, tinulung
ing Jejer Pertapan, nalika sang Pandhita Putri Dewi Rukmawati maringi
wejangan dhumateng Bambang Palasara. Kathah wucalan budi luhur saha
adeg-adeging pamong ingkang dipun babar kanthi runtut lan ngewrat
wewarah ingkang lebet. Saiba, menawi ing jejer punika dipun damel radi
fokus kados nalika KI Anom Surata mbabar lampahan Dewaruci saha Begawan Ciptaning.
Langkung mbingungaken malih menawi
lampahan punika dipun sambetaken kaliyan Lampahan Abiyasa Lahir.
Wedalipun paraga Dewi Kekeyi ing lampahan punika lan Dewi Durgandini
ing Lampahan Abiyasa lahir, samsaya mbingungaken. Duka punapa ingkang
dipun agem refensi dening Ki H Anom Suroto.
Ananging badheya kados pundi, lampahan punika tetep layak dipun simak lan midhangetaken. Sinaosa hasil ripping saha rekamanipun kathah ingkang bolong-bolong amargi anggen kula pikantuk ampilan kaset nggih namung kados ingkang katur ing ngarsa panjenengan.
Sinaosa mboten papanipun atur panyaruwe
ing babagan lampahan ringgit purwa ingkang tertamtu punika sampun
kapundhut saking babonipun langkung-langkung binabar dening dhalang sekaliber Ki H Anom Suroto, ananging raos kuciwa kedah kawedalaken katinimbang dados wudun.
Nyuwun pangapunten, saha sugeng medhangetaken. File-fileipun wonten mriki…………………….
Title: Ki H Anom Suroto - Palasara Maguru
Rating: 10 out of 10 based on 24 ratings. 5 user reviews.
Writed by Martono
Rating: 10 out of 10 based on 24 ratings. 5 user reviews.
Writed by Martono