Ki H. Manteb Soedarsono – Wahyu Darma
Ki H Manten Soedarsono –satunggal saking sekedhik dhalang sejati- ngangkat lakon wahyu
kanthi irah-rahan Wahyu Darma. Wahyu sampun nyebataken, dene Darma
ateges lelabuhan. Kanthi cethek utawi gampilipun rembag, Wahyu Darma
mujudaken satunggaling wahyu ingkang pignanipun kangge satunggiling cara
nedahaken raos darma bakti dhateng negari. Ugi saged sinebad wahyuning
kasatriyan.
Kanthi rancag, tliti lan pratitis dhalang setan
punika kepareng njlentrehaken Wahyu Darma, ngiras pantes damel
sambeting lampahan saking Bale Sigala-gala dhateng Wiratha Parwa.
Saking lampahan punika ugi, Pak Manteb kados-kados njlentrehaken
wataking “tokoh” ingkang racakipun kadamel cemeng-pethak.
Kurawa Cemeng, Pendhawa Pethak. Nanging beneh kaliyan padatan, Pak
Manteb kados ngonceki wataking manungsa kados umumipun. Aswatama,
upaminipun kagambaraken beneh kaliyan dhalang sanes. Nalika bodholan,
kanthi cetha piyambakipun tuhu condhong dhaten Pendhawa nalika dipun
dangu dening pandhita Drona.
Utawi, cobi keparenga midhangetaken
nalika jejer kedhaton. Kados pundi swasana kraton ingkang tuhu tintrim
nalika Prabu Duryudana duka dhateng Resi Mitriya saking
Wana Kamiyaka. Ugi nalika para nayaka (utaminipun Pandhita Drona lan
Adipati Karna ) ingkang rumaos goreh lan kamiwelas dhateng Prabu
Duryudana ingkang rumaos bingah dene sampun kasil damel wiranging
Pandhawa ingkang wusananipun dados tiyang buwangan amargi kawon
anggenipun sesukan dhadhu duk nalika Bale Sigala-gala.
Kacariyos, Prabu Duryudana nembe rumaos
bingahing penggalih amargi sampun mimpang anggenipun sesukan dhadhu lan
sampun kepareng ngrebat Indraprahastha lan jajajhannipun dados
kukubaning Astina. Mboten namung punika, ing Dursanana sampun kepareng
damel sasrawirang dhateng Pandhawa kanthi nyuwek kesemekannipun Dewi
Drupadi lan tumindak-tumindak sanes inggang leregipun damel sengsaraning
pandhawa lahir lan batosipun.
Nalika
semanten, nembe tengahing raos bingah Prabu Duryudana, kadadak
pinunggel sowaning Resi Mitriya saking wana Kamiyaka. Sowanipun Resi
Mitriya dhapur kepingin ngaturaken wohing kasutapanipun murih lestantun
anggenipun jumeneng nata Prabu Duryudana. Dene sarana ingkang
kaaturaken Resi Mitriya inggih punika kanthi nimbali Pandhawa lan
ngaturaken wangsul negari Indraprastha sak jajahanipun. Ewasemanten,
aturipun Resi Mitriya kalawau mboten ndadosaken renaning penggalih Prabu
Kurupati malah kepara duka yayahsinipi saha nguman-uman dhumateng
pandhita ingkang nembe prapta kalawau. Sruning deduka Prabu Duryudana
sigra ngunus Pedhang Kyai Sapu Jagad, sinambeteken jangganipun Resi
Mitriya, ngantos tugel dados lan pejahipun sang resi. Eloking
kawontenan, sapejahipun Resi Mitriya raganipun ical musna. Namung
kepireng suwanten ingkang ndawahaken sod dhateng Prabu Duryudana, bilih
ing perang Baratayuda mangke Prabu Duryudana badhe seda siya, pejah
mboten, gesang mboten dangunipun sedasa tahun.
Bebeg penggalihipun Prabu Duryudana
ngraosaken kawontenan punika. Rahayunipun, Adipati Karna ngaturaken
pamrayogi Prabu Duryudana kepareng leledhang dhateng Wana Kamiyaka
ingkang saperlu paring dana driyah dhateng para kawula lan brahmana
ingkang cumondhok ing mriku. Tindakipun dhateng wana kamiyaka ugi badhe
ngeram-eram dateng Para Pandhawa ing pangajab supados saya kekes
manahipun wusana gampil kaajap pejahipun.
Kados pundi menggah babaring lampahan
Wahyu Darma, kasumanggaaken dhumateng para sutresna budaya midhangetaken
kanthi premati lampahan punika (tertamtu saksampunipun panjenengan
ngunduh file ing ngandhap punika).
Kados padatan, Pak Manteb ugi kepareng ngripta aransmen gendhing
enggal kanthi instrument modern kadosta saxophone, orgen, biola lsp.
Ananging perlu kacathet, bilih anggenipun kepareng nglebetaken
instrument modern dhateng gamelan mboten namung “asal-asalan” ananging
sakestu tliti lan pas panggenanipun. Kasilipun estu mujudaken
satunggaling orchestra ingkang mboten namung laras ananging ugi
“berkelas”.
Link Download MP. Wayang Kulit KI H Manteb Soedarsono- Wahyu Darma.
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_1a (talu)
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_1b
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_2a
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_2b
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_3a
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_3b
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_4a
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_4b
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_5a
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_5b
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_6a
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_6b
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_7a
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_7b
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_8a
- KI H Manteb Soedarsono – Wahyu Darma_8b (tamat)
Ucapan terima kasih, kepada kakakku yang
telah berkenan memberikan file ini kepada saya guna dipersembahkan
kepada para sutresna budaya untuk bersama dinikmati, sekaligui sebagai
upaya pelestarian kesenian jawa, khususnya wayang kulit.
1.
(Terima kasih anda telah mampir di blog ini. Jika sudah berhasil
download file kami, mohon tinggalkan komentar untuk perbaikan selanjutnya)
Title: Ki H. Manteb Soedarsono – Wahyu Darma
Rating: 10 out of 10 based on 24 ratings. 5 user reviews.
Writed by Martono
Rating: 10 out of 10 based on 24 ratings. 5 user reviews.
Writed by Martono