Video Wayang Kulit Ki Manteb Soedarsono – Gatutkaca Wisudha


Ningali pagelaran ringgit purwa Ki Manteb Sudarsono, panci kraos “mewah”.  Geber ukuran 9 meter, gangsa jangkep slendro pelog mawi tambahan “percusi”, ringgit cakrak kanthi prada emas, waah…. Jian nyamleng tenan. Upami wonten kuciwanipun, mbok menawi saking “juru kameranipun” ingkang mboten migatosaken raos nalika mendhet gambar.  Sindhen, gangsa lan papan sanes ingkang mboten perlu, kadhang kraos ngganggu “keasyikan” kita ningali ringgit.  Nanging mboten dados punapa.
Beneh kaliyan padatan, lampahan punika wonten “ambetipun” lampahan banjaran ingkang asring kagelar dening sawargi Ki Nartosabdo.  Nanging ketingalipun, pak Manteb saged mbentenaken ing antawisipun pagelaran ingkang kangge mripat, kaliyan ingkang kangge talingan.  Lampahan banjaran ingkang asring ginelar dening Pak Narto suwargi, katujokaken kangge kaset (audio), mila rancaging lampahan tinata kanthi langkung premati.  Kosok wangsulipun, Pak Mantep sengaja nggelar lampahan punika kanthi konsentrasi video, kangge dipun tingali.  Awit saking punika, nadyan ing pagelaran “audio” mboten ketawis ginanipun adegan Beksan Srimpi ing purwakaning lampahan, sakestu kraos resep.
Kados ingkang sampun, Dhalang Setan punika ugi migatosaken babagan teknologi.  Wiwit tata lampu, audio effect lsp dipun garap kanthi premati.  Wosipun mriksani pegalaran Pak Manteb ing lampahan punika sangat negsemaken.  Kangge bab punika, kula makili kanca-kanca sutresna budaya ngaturaken gengging panuwun konjuk dhumateng Mas Bambang Supriyadi.
Cariyos kawiwitan ing Kayangan Salendrabawana nalika Bethara Guru ngawontenaken pasewakan ageng ingkang kaadep dening para dewa, kalebet Bathara Narada.  Wosing gati pasewakan, ngrembag kawontenan Kahyangan ingkang nembe salebeting mendhung lelimengan amargi pangamukipun Patih Sekipu, utusanipun Prabu Kala Pracona.  Sedaya para dewa mboten kwagang hanandhingi kridhanipun Patih Sekipu.
Sasampunipun ngawontenaken pirembagan sawetawis, wusana katetepaken bilih ingkang kaanggep badhe kwagang hanandhingi raseksa ingkang sekti mandraguna punika mboten sanes kejawi Jabang Tetuka, putranipun Raden Werkudara ingkang patutan kaliyan Dewi Arimbi.  Sinaosa nembe kemawon linahiraken, nanging pranyata Jabang Tetuka mboten saged linebur dening Patih Sekipu.  Emanipun, Putra Raden Wrekudara punika dereng saged males amargi taksih bebayi.  Awit saking punika, supados saged males kridhanipun Patih Sekipu, Jabang Tetuka kacemplungaken ing kawah Candradimuka sinartanan sedaya pusaka pethingan kagunganipun dewa, kajedhi dadosa satriya pinunjul ingkang bade dados jagoning dewa, nranggulangi panantangipun Patih Sekipu dan Prabu Kalapracona.
Awit saking dayaning pusaka lan urubing latu ing kawah Candradimuka, Jabang Tetuka kadi ginege dados jejaka selawung-lawung lan sekti mandraguna. Kasektening Raden Gatutkaca amargi pinaringan pusaka ingkang arupi Caping Basunanda, Kotang Antakusuma lan Trumpah Padakasarwa.  Jabang tetuka ugi panaringan tambahan asma, inking ing tembenipun asma punika ingkanga asring kaagem lan kasebataken inggih punika Raden Gatutkaca.
Kadospundi babaring lampahan Gatukaca Wisudha, kasumanggaaken dhumateng para sutresna budaya.  Nuwun.

 Download dengan kualitas yang lebih bagus, disini…………
About these ads
Title: Video Wayang Kulit Ki Manteb Soedarsono – Gatutkaca Wisudha
Rating: 10 out of 10 based on 24 ratings. 5 user reviews.
Writed by Martono